Thursday, February 13, 2014

Ameh Nganti Kapan (?) :)

Hlo,la koe kanda ameh move on tapi ra move move malah mung ndekem. Ameh nganti kapan :)

Yo sing tegas, sing tegar, mosok urip uripmu dewe yo mbok gantung. Njuk pie nek koe dadi bagian urip e wong liyo. Ameh nganti kapan :)

Nek karo awakmu dewe we ra tegas, njuk pie nek karo wong liyo. Ameh nganti kapan :)

Nek mung dipikir lha kapan rampunge? Ameh nganti kapan :)

Nek omongane sembarang uwong mbok lebokne ati, hla po ra atimu mung kebak perkara ra nggenah. Trus kapan rampunge? Ameh nganti kapan :)

Legowo kui nduene ati, lha nek atimu kebak mangkel, kapan legowomu? Ameh nganti kapan :)

Omongane uwong ki ngaruh e sepiro to, kok mbok pikir nemen-nemen? Ameh nganti kapan :)

Kapan olehmu ikhlas, nek koe kanda ikhlas berarti koe durung ikhlas. Ikhlas kui dirasakne, dudu dikandane. Ameh nganti kapan :)

Kapan sabarmu yen mung kakean komentar. Padahal sabar kui narimo. Ameh nganti kapan :)

Kapan uripmo mulyo nek mung akeh nggresulo. Padahal urip mulyo kui asale seko makaryo, dudu nggresulo. Ameh nganti kapan :)

Jare tresna tapi kok sithik-sithik ra percoyo. Ameh nganti kapan :)

Kapan kuatmu nek mung disenggol sithik we kelara-lara. Padahal urip iku isine jorok-jorokan. Ameh nganti kapan :)

Iki uripmu hlo, koe sing mutusi lan milih dalan e. Dadi nek koe wae mung kebak perkoro bingung, trus kepie uripmu? Trus kepie cita-citamu? Trus kepie tanggung jawabmu? Ameh nganti kapan kaya ngene, ameh nganti kapan koe urip nanging sejatine ora urip? Ameh ngenti kapan? :)

No comments:

Post a Comment